Upacara Adat Pengantenan 2

 

2. Upacara Adat Pengantenan

Ing upacara adat pengantenan Jawa, lumrahe ngliwati tahapan-tahapan iki:

a.       Nyigakake Papan Pawiwahan,

b.      Nyigakake Among Tamu Pawiwahan,

c.       Metune Pengantin Putri,

d.      Metune Pengantin Kakung.

Adicara Panggih

a.       Ijol-ijolan Kembang Mayang,

b.      Gantalan,

c.       Ngideg Antiga,

d.      Singep Sindur.

Upacara Adat

a.       Bobot Timbang,

b.      Kacar Kucur,

c.       Dhahar Kembul,

d.      Ngunjuk Toya Wening,

e.       Metuk Besan,

f.       Sungkeman,

g.      Jumenengan Pengantin 1,

h.      Jumenengan Pengantin 2,

i.        Panyandra Kirab 1,

j.        Panyandra Kirab 2.

Katrangan

a.      Nyigakake Papan Pawiwahan

Gapuraning pawiwahan rinengga edining rerenggan janur kuning, sinangga ing pisang raja, cengkir gadhing, tebu wulung, pari sawuli, sekar sarta wohing kapas, ron apa- apa, suket alang- alang, miwah roning kaluwih, ron waringin sarencekipun, pengaron ingkang isi sekar setaman ingkang wasita sinandi.

Karepe:  nglambangake kaweningan, muga sri temanten kanga rep ngambah alam bebrayan duwe rasa sumeleh, sarta nengenake kasabaran.

 

 

b.      Nyigakake Among Tamu Pawiwahan

Tamu- tamu kang diundang di ajab rawuhe kanggo aweh donga pangestu marang penganten sarimbit. Tamu- tamu kang adoh dadi sanak lan kang cerak sangsaya sumanak.

c.       Metune Penganten Putri

Penganten putri metune dhewe lan ndhisiki tinimbang penganten kakung, banjur lungguh ing sasana rinengga. Penganten putri ngagem busana kang sarwa emas kaya busananing garwa nata/ permaisuri, katon pating galebyar lan pating pancurat, saya nambahi sulistyane sri panganten.

d.      Metune Penganten Kakung

Rawuhe penganten kakung binarengan pangiringe. Mubyar- mubyar busanane kaya busananing narendra. Kadeleng saka kadohan merbawani lan siyaga dadi manggala bale wismane. Penganten kakung didherekake pangiringe tumuju sasana rinengga arep pinanggih penganten putri.

ADICARA PANGGIH

a.      Ijol- ijolan Kembang Mayang

Lumakune penganten kakung kandheg sawetara, banjur ijol- ijolan kembang mayang. Kembang mayang cacah sepasang digawa jejaka lan Kenya legan saka gawane penganten dhewe- dhewe. Kang jejaka nggawa kembang mayang lanang lan Kenya nggawa kembang mayang putri. Kembang mayang digawe saka sawenehe gegodongan lan wit- witan saka pekarangan.

b.      Gantalan

Ing kene dumadi baling- balangan gantal antarane penganten kakung lan putri. Gantalan iku wujud suruh temu rose dibuntel sarananing ganten, banjur ditaleni lawe putih. Karepe: suruh, kesusu selak kepingin weruh, suruh lamun ta beda lumah klawan kurepe, nanging lamun ginigit tunggal rasane, sanajan jejer priya lan mijil wanita, kalamun wis nyawiji penggalihe, mula bakal manunggal rasa cipta sarta karsane. Temu rose: temu ing raos, tinalenan ing rasa tresna kang suci, bakal pinasthi dadi jatu kramane, pinesthi dadi jodhone.

c.       Ngideg Antiga

Mudhun saka pasangan, kang sarimbit enggal marepeki antigo cinaket ing bokor kencana, minangka wadhahing kembang setaman, sakala antiga tinapak ing tapak sukune penganten kakung. Pyar- pecah sanalika, penganten putri daya- daya anjengku sarwa sumembah ring kakung. Banjur amijiki samparane kang raka klawan ranupada. Ranu iku toya, banyu lan pada ateges samparan. Keng putri mijiki samparaning keng roko kanthi sedya ngatonake darma bektine garwa.

Toya pewitra kang minangka sarana pambasuhing pada, manunggal mring kembang triwarna: mawar, mlati miwah kenanga. Gandhane kembang den pepuji amrih ing tembe ngambar arum gandhane risang pinanganten, kuncara asmane, bisa dadi tepa palupining brayat mudha.

d.      Singep Sindur

Sarampunge adicara ngideg antiga, nuli jumeneng jajar putra penganten kaloro sandhing gegandhengan tangan, satuhu sajajar drajating priya lan wanita, sanadyan wanodya ora nyingkur kodrating wanita minangka garwa, risang pinanganten arep lumampah tumuju ing sasana rinengga.

Singep sindur kang awarna rekta lan seta dening bapak ibu, kanthi pangajab bebrayaning putra sarimbit tinuntun ing rehing kautaman, pinanggia ing budi rahayu linambar rasa tresna, wani ing bebener, wedi ing kadurakan lan kanistan.

UPACARA ADAT

Banjur katindakake Upacara adat, wiwit saka: Bobot Timbang, Kacar Kucur nganti dhahar Walimah.

a.      Bobot Timbang

Pengantin kaloro kapangku dening bapake penganten putri kanthi tangan loro karangkulan ing pamidhangane penganten sarimbit, sineksenan dening ingkang ibu lan para tamu, para sepuh. Karepe, bapak ibune penganten wis sarujuk mengestoni lan jumurung donga pamuji marang dhaupe penganten sekaliyan, lan ora bakal tumindak emban cindhe emban siladan anggone ngrengkuh marang kaloro putra penganten. Putro kaloro karengkuh kadya putrane dhewe, ora ngarani maneh putra mantu nanging kaanggep padha.

b.      Kacar Kucur

Minangka tetungguling kulawarga darbe tanggung jawab nyukupi sandhang pangan ing kulawarga, tampa kaya kacang kawak, dhele kawak, jagung kawak, who jenar, dhuwit pralambanging boga lan wastra. Mugi risang penganten ing tembe kacukupan sandhang pangane. Syukur bage pinaringan kesugihan. Lamun pinaringan kasugihan bisa lumeber mring para kadang sarta tanggane teparo.

Risang pinanganten putri nampa kaya tansah ngati- ati. Mratandhaning dadi wanodya kang gemi nastiti, surti tur ngati- ati. Asiling tampa kaya nuli katitipake mring wanodya kang pinercaya rumeksa kawidagdane.

 

 

c.       Dhahar Kembul

Tumuli risang pinanganten nindhakake dhahar kembul, dhahar ateges nedha. Kembul ateges bebarengan. Karepe bisa tumangkep nemua sih katresnane pangenten kakung putri, jumbuh kang ginayuh, saiyek saeka kapti, sembada kang sinedya, bisa ingaranan manunggaling karsa margining mulya.

d.      Ngunjuk Toya Wening

Sarampunge dhahar kembul, sripinanganten sarimbit ngunjuk toya wening. Karepe, kalamun risan pinanganten arep necep maduning asmara janma, manunggalake ing rasa, satemah mijilake bibit warna seta saka tumindake bapa, sarta bibit warna rekta saka tumindake ibu, ing tembe bisa mbabar putra kang minangka rernggane balewisma.

Ngunjuk toya wening dadi pratandha, kalamun kabeh tumindak muna- muni, bakal dipikir kanthi weninga ati, wusana among rahayu kang bakal tinemu, kadya unen- unen, ajining dhiri gumantung lathi, ajining raga gumantung busana, lan ajining awak gumantung saka tumindak.

e.       Besan Rawuh

Wus gambuh penggalihe kang bebesanan, tumuli lenggah jajar ing sasana mulya, paring pangestu dhumateng risang pinanganten, den gegadhang amrih kaloro putra kang lenggah sekaliyan, satuhu bakal mulya uripe, nemu kabagyan lan karaharjan, kepareng kang besan kadherekake lungguh ing sisih keringe risang pinanganten.

f.       Sungkeman

Penganten kakung wus jengkar saka dhampar kursi rinengga, anganthi kang garwa lumarap ngabyantara myang kang para pinundhi. Risang pinanganten kaloro lampah jengku, esthine penggalih among sumedya sumungkem marang padane kang bapa biyunge.

Tangkepe asta sarwa sumembah sinartan eninge cipta rumasuk ing sanubari, nyuwun pudya pandonga saka bapa biyunge supaya ing madyane bebrayan tansah manggih kanugrahan, kabagyan lan kamulyan saka Gusti kang Maha Welas lan Asih.

Comments

  1. Nama:Pungki agung effendi
    Kelas:xl tkro 04
    Absen:01

    ReplyDelete
  2. Nama : Yoga Pratama
    Kelas : Xl DPIB 2
    abs : 31

    ReplyDelete
  3. Nama : Muhammad Budianto
    Kelas : XI DPIB 2
    No : 13

    ReplyDelete
  4. Nama: Gilang Ragil guntara
    Kls:XI Tbsm 3
    No:7

    ReplyDelete
  5. Nama :Rere Abisandy
    Kelas. :Xll-TKJ 2
    No.abs :24

    ReplyDelete
  6. Nama = Achmad Kawakib
    Kelas = XI DPIB 1
    no.abs = 02

    ReplyDelete
  7. Nama : Arlyza Meithasayu
    Kelas : XI-DPIB-1
    No.absn : 12

    ReplyDelete
  8. Nama: Didik Eko Syarofudin
    Kelas: XI DPIB 1
    NO : 18

    ReplyDelete
  9. Nama : Hanin Fauziah
    Kelas : XI-DPIB1
    NO.absn:026

    ReplyDelete
  10. Nama : Hanin Fauziah
    Kelas : XI-DPIB1
    NO.absn:026

    ReplyDelete

Post a Comment

Popular posts from this blog

Dasanama ing Wayang Purwa

Temu Manten Adat Bubak Kawak