Unsur Ekstrinsik lan Intrinsik Teks Pewayangan [materi wayang 2]
4. Unsur Ekstrinsik lan Intrinsik
Teks Pewayangan
Sawijine sastra (cerkak, novel, cerita
pewayangan, drama, lan geguritan) mujudake asli imajinasi utawa yasan
pengarang. Unsur-unsur sastra dibedakake dadi rong warna yaiku unsur intrinsik
lan unsur ekstrinsik.
a. Unsur
Ekstrinsik
Unsur Ekstrinsik
mujudake unsur-unsur kang mangun karya sastra saka jaba, kayata: latar wuri
panguripane pengarang, pandangan hidup
pengarang, situasi sosial, utawa budaya laire karya sastra kasebut, lsp.
b. Unsur
Intrinsik
Unsur Intrinsik
mujudake unsur sastra kang mangaribawani kagayuhe:
1) Tokoh
(paraga)/Penokohane
2) Tema
3) Plot/Alur
4) Gaya
Basa
5) Sudhut
pandhang/Point Of View
6) Latar/Setting
Katrangan:
1) Tokoh
(paraga) mujudake indhividu kang duwe peran sajrone crita, kang ngalami
prastawa utawa duweni tumindak ing maneka prastawa sajrone cerita. Tokoh
(paraga) iki dibedakake dadi patang warna yaiku:
a) Tokoh/Paraga
Utama (Protagonis)
b) Tokoh/Paraga
Antagonis (tokoh/paraga kang mujudake kosok baleen tokoh/paraga utama)
c) Tokoh/Paraga
Tritagonis (Tokoh/paraga pelerai)
d) Tokoh/Paraga
Pembantu utawa peran pembantu/figuran
Penokohan
mujudake pelukisan tokoh/paraga crita ing kahanan lair utawa batine, klebu
keyakinan uripe, adat istiadate, lan sapiturute. Ana telung macem cara kanggo
nglukisake utawa nggambarake watak, yaiku:
a) Cara
Analitik yaiku pengarang nyritakake utawa njlentrehake watak tokoh/paraga crita
secara langsung,
b) Cara
Dramatik yaiku pengarang ora secara langsung nyritakake watak tokoh/paraga kaya
ing cara analitik, nanging nggambarake watak tokoh/paraga kanthi cara:
njembarake panggonan utawa lingkungane sang tokoh/paraga. Nampilake dhialog
antar tokoh/paraga lan saka dhialog-dhialog iku bakal katon watak para
tokoh/paraga ing sajrone crita,
c) Cara
Campuran yaiku pengarang nggunakake kalorone cara kasebut kanthi tujuan kanggo
padha dene njangkepi.
2) Tema
mujudake pokok pikiran utawa babagan kang dirembug ing sawijine crita kanga rep
disampekake pengarang liwat rerangkene crita.
3) Plot/Alur
mujudake dalan crita utawa rerangken prastawa kang didhapuk andhedhasar hokum kausalitas (gayutan kang nuduhake
sebab akibat). Andhedhasar gayutan kasebut, mula saben crita duweni plot/alur
kang kaya mangkene:
a) Tahapan
tetepungan (perkenalan)
b) Tahapan
tumuju pertikaian
c) Tahapan
konflik, terus tumuju tansaya rumit
d) Tahapan
klimaks
e) Tahapan
muncule sawijine solusi
f) Tahapan
karampungan (penyelesaian)
4) Gaya
Basa yaiku cara khas sawijine pengarang sajrone ndungkapake idhe, utawa gagasan
liwat crita.
5) Sudhut
pandang (point of view) yaiku salah
siji unsur fiksi kang dadi kunci kesuksesane crita. Sudhut pandhang iki
mujudake cara pengarang anggone mapanake anggane tumrap crita. Sudhut pandhang
kaperang dadi telu, yaiku:
a) Sudhut
pandhang wong katelu, yaiku nganggo tembung “dheweke”
b) Sudhut
pandhang wong kapisan, yaiku nganggo tembung “aku”
c) Sudhut
pandhang campuran antarane katelu lan kapisan.
6) Latar/setting
yaiku gambaran ngenani waktu, panggonan, lan swasana kang dumadi sajrone crita.
5.
maca Endah Teks Pewayangan
a. Antawacana
Antawacana
yaiku dhialog antar paragane wayang. Dene antarwacana antarane paraga wayang
klawan niyaga, wiraswara, utawa juru kawih ingaranan dhialog samping (aside).
b.
Janturan
Janturan
yaiku tetembungan ing sajrone pewayangan kang mujudake pocopane dhalang (monolog) kanggo mbukani crita (lakon)
ing crita wayang kulit.
Nama: Pungki agung effendi
ReplyDeleteKelas:Xl tkro 04
Absen:01
Nama :Rere Abisandy
ReplyDeleteKelas. :Xll-TKJ 2
No.abs :24
Nama = Achmad Kawakib
ReplyDeleteKelas = XI DPIB 1
no.abs = 02
M. ADITYA GUNAWAN P
ReplyDeleteX Tlas
13
Nama: Ade yoga putra ramadhan
ReplyDeleteKelas: X TBSM 1
No. Absen: 1