Posts

Temu Manten Adat Bubak Kawak

  Temu Manten Adat Bubak Kawak Kronologi Upacara Temu Manten Adat Bubak Kawak ing Sidoarjo             Ing dina, tanggal lan jam kang wis ditetepake, penganten kakung lan putri nindakake rerangken upacara mangkene;             Sing sepisan, panganten putri wis siyap nampa tekane penganten kakung. Dheweke kkapit kaloro wong tuwane (bapak lan ibune) lan disekseni sanak kadang lan tonggo teparo kang rawuh.             Sing kapindho, tekane penganten kakung ing omahe penganten putri, kanthi iringan gamelan Jawa Timuran.             Sing katelu, panganten putri nampa tekane penganten kakung ing ngarep lawang omah utawa ing ngarep gapura tarub (wewangunan sawetara kanggo upacara kajadan). Tetembungan liya penganten kakung ditampa ing regolan/ pregolan. Kabeh (penganten kekarone) wis nggawa ubarampe kelengkapan upacara. Tuladhane: sawur, endhog, banyu godhong kelor lan kembang mayang.             Sing kapapat, upacara bubak kawak, temu penganten diwiwiti kanthi dialog. Kang kajiba

Dasanama ing Wayang Purwa

  Dasanama ing Wayang Purwa             Tembung dasanama ngemu teges dasa/ sepuluh (10), nama/ jeneng, jejuluk, asma. Dadi dasanama ateges jeneng kang luwih saka siji utawa malah ana sing ngluwihi cacah sepuluh maneh, nanging ngemu teges duweni jeneng akeh utawa luwih saka siji. Gatekna jeneng- jeneng paraga pewayangan wayang purwa ing ngisor iki! No Paraga Wayang Dasanamane 1. Raden Permadi Arjuna, Janaka, Margana, Dananjaya, Mintaraga, Ciptahening, Prabu Kariti, Kendhi Tatnala, Palguna, Kombang Ali- ali, Jlamprong, Pandhu Putra, Pandhusiwi, Endra Tanaya, Wijanarka. 2. Raden Werkudara Bayu Suta, Bayu Putra, Arya Panenggak, Bratasena, Bima/ Bimasena, Jagal Bilawa/ Jagal Abilawa, Wijasena 3. Puntadewa Yudhistira, Dwijakangka, Gunatali, Aja Satru, Krama. 4. Anoman Anjani Putra, Kapiwara, Rewanda Pingul, Wanara Seta,

Basa Kawi Lan Kagunaane

  Basa Kawi Tuladha:             Rawuhe penganten kakung binarengan pangiringe. Mubyar- mubyar busanane kaya busananing narendra . a.        Tembung Kawi Tembung narendra ateges prabu, raja. Tembung kasebut mujudake tembung Kawi. Tembung Kawi diarani uga tembung Sansekerta. Lumrahe pancen kanggo panyandra pengantenan, panyandra padhalangan, cakepan tembang- tembang, utawa laying- laying. Saiki, akeh- akehe tembung Kawi iku dianggo jenenge bocah, wong, utawa jenenge kantor- kantor, kayata; a. Sunardaya = Cahaya kekuatan b. Tuhu Widodo = Temen slamete c. Karti Utami = Tumindak sing utama d. Prasetya Adi = Setya kang agung e. Wana Wisata = Alas kanggo ngenggar- enggar ati f. Wiyata Mandala = Lingkungan pendhidhikan g.